kepriye tuladhane layang ulem duwe gawe mantu iku?
B. Daerah
devita118
Pertanyaan
kepriye tuladhane layang ulem duwe gawe mantu iku?
1 Jawaban
-
1. Jawaban indhtriwt
Ndampit, 20 Desember 2017
Kairing sagunging pakurmatan,
Ngaturi wuninga bilih Gusti Allah angganjar wilujeng ing sadayanipun, kula badhe ngemah-emahaken anak kula estri ingkang angka kalih, ingkang akekasih:
Rara Pramesthi Wandhansari, S.Pd kaliyan Bagus Budiono, S.Pd putranipun Kangmas Ir. Hadiprabowo ing Malang.
Ingkang punika bilih sepen ing alangan saha dhangan ing penggalih panjenengan sekaliyan kula suwun rawuh ing griya kula dhusun Karanglo, Polanharjo, benjing:
dinten : Minggu Pon
tanggal : 8 Januari 2011
jam : 11.00
Saperlu panjenengan sekaliyan kula suwuni berkah pangestu dhumateng anak kula temanten kekalih.
Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kula menggah rawuh panjenengan sekaliyan minangka tambahing puji basuki saha regenging pasamuan.
Ndherek ngajeng-ajeng Saking kula saha semah,
devita oktavia Ndampit