Apa bedone panganggone aksara murda lan aksara swara ing penulisane aksara jawa
B. Daerah
anjarkinanjar12
Pertanyaan
Apa bedone panganggone aksara murda lan aksara swara ing penulisane aksara jawa
1 Jawaban
-
1. Jawaban azkaaizarl
Jawaban:
- Aksara murda kanggo nyerat jeneng terhormat, tata prunggu, lan papan panggonan
- Aksara swara kanggo nyethakake uni A I U E O ne tembung manca
Penjelasan:
- Aksara murda yaiku aksara khusus kang ditulis kanggé ngormati wong sing dhuwur drajaté, tata prunggu wong sing terhormat, lan papan panggonan
- Ananing saiki wus ora dianggo maneh, amarga mung kanggo tembung biyen biyen
- Conto jeneng terhormat sing nganggo aksara murda : jeneng Sultan, jeneng pejuwang lawas, lsp
- Conto tembung tata prunggu : Prabu, Sultan, lsp
- Conto tembung papan panggonan : jeneng kraton, jeneng Karesidenan, lsp
- Aksara murda ditulis siji satembung, diurut saka ngarep, yen ora ana lagi mundur hurup sawise
- Ananging ana satembung ing basa Jawa sing nganggo aksara murda loro, yaiku tembung Gusti
- Sinau luwih babagan aksara murda : https://brainly.co.id/tugas/29934693
- Aksara swara yaiku aksara sing panganggone mung ing aksara manca, embuh saka arab, saka Eropah, lan liya liyane
- Aksara swara ing kene sing dimaksud yaiku aksara swara dhasar
- Ana uga jenenge aksara swara mandhiri, yaiku aksara nga lelet, lan aksara pa cerek
- Aksara swara dhasar, fungsiné nyethakake uni A I U E O saka tembung manca
- Conto : abrasi, islam, urbanisasi, ékonomi, oman
- Tembung manca uga kaiket déning aturan manut uni, dudu manut tulisané
- Sinau luwih babagan tembung manca manut uni : https://brainly.co.id/tugas/314423
- Sinau luwih babagan aksara swara : https://brainly.co.id/tugas/27510762
Sekian
Semoga membantu
Jika ada yang kurang jelas bisa ditanyakan di komentar
Terima kasih